Diberdayakan oleh Blogger.

Jumat, 24 Oktober 2014

GalauMu (seri 5)

Gawakno pacarmu tai kucing. Karna nek lagi kasmaran kan jarene "tai kucing rasane coklat."

Tombo teko loro lungo, pacar lungo selingkuhan teko. *eh

Nyedaki koe ki ibarat mancing, nunggoni suwe ra nyantol2, mbasan nyantol kok ditarik malah pedooot.

Tingkah lakumu seruwet wulu kelekmu.

Aku pengen nduwe rambut kribo, ben iso tak nggo nyimpen atimu.

Cintamu tak sehangat banyu tremos.

Nek pacar kui ibarat tumo, mesti kepenak. Nek arep golek gari metani rambut.

Mbribik koe ki ibarat nyekel lele. Lunyu, angel, mbasan kecekel jebul keras kepala & sok matil.

Wingi aku arep diajari renang, tur tak tolak | lho lha ngopo? | soale aku pengen keblebek neng atimu. *seeer

Aku ki ora mangan lombok we wes mencret, mergo omongamu sing pedes bianget -_-

Aku pengen dadi surfer, ben iso selancar neng atimu. *padakke ono ombak e po piye? :))

Ra masalah aku rung wisuda, sing penting aku lulus mlebu atimu. *seeer

Aku pengen dadi HP, ben iso berdering & bergetar neng atimu. *ndret-ndret #prek

Pacaran kui ibarat dirampok tur raiso lapor polisi.

Ha mbok yoben to aku keset & males! Lha kui ki ben aku iso leyeh-leyeh neng atimu je.

Cintamu ibarat naptol, gampang luntur.

Sejatine nyawang koe ki podo karo nyawang jeruk peres. Lha koe mesti pasang rai kecut je nek tak temoni.

Mbribik koe ki ibarat tuku lotre. Wes direwangi metu duit, tapi durung mesti oleh!

Nyedaki koe ki ibarat ngemut permen mint, pertamane cen silir, tur soyo suwe soyo pedesss. *lepeh

Malem minggon ki ibarat numpak komedi putar. Ngono-ngono wae, mboseni, plus bar kui sok marai mumet!

Yo pancen cocok nek koe dadi anak Jurkam, lha wong koe nek janji yo ora tau tok tepati.

Nemoni wong tuamu ki ibarat ujian skripsi. Pitakon e ora entek-entek, wes ngono tiap jawabanku didebat, persis koyo pendadaran.

Cintamu se-encer adonan kulit lumpia.

Bapakmu kok galak banget to? Aku arep nyedaki koe we diangel-angel, koyo2 koe ki hutan lindung.

Koe pancen idamanku, sayange tresnamu sesempit bolongan kunci.

Mbribik koe ki persis koyo pepanas, neng sirah mumet, neng moto kiyer-kiyer.

Aku pengen dadi kelopo, ben iso nyanten neng atimu. *walah

Tak akoni, sliramu cen selalu marai aku kesengsem, sayange kelekmu ireng.
Published: By: Adhaes - 21.50

Quote Rizal (seri 4)

Sejatine wong sing tangi isuk kui mbuka dalan rejeki luwih ombo, minimal entuk rejeki ambu sego goreng sing lg dimasak tanggamu.

Sungguh nelongso uripmu sing yah mene wes kepekso tangi mergo kudu nggugah pacare, nek ora engko wedi dipegat :)) Jirih! :))

Nek pacarmu tiba2 nyenyengit & mancing2 koe nesu. Ati2, kui mesti sengojo ben koe megat de'e mergo de'e wes nduwe serep :))

Begitu pacarmu nyekel tanganmu, perlu diwaspadai, karena misi selanjutnya mesti adalah nyekel bagian2 liyane :))

Pacaran hanyalah pelampiasan bagi mereka yg kurang kasih sayang & kurang perhatian :))

Pacaran hanyalah pelampiasan bagi mereka yg tidak pernah mendapatkan traktiran.

Malem minggon kui dudu ukuran eksistensi, santai wae koe.

Sak nesu-nesune koe karo pacarmu, tetep koe mesti ra mungkin nesu karo duite. 

Wong sing isane mung nggambleh mesti cangkem e kebak umpluk.

Jujur harus dimulai dari diri sendiri. Maka jujurlah, akuilah nek raimu pancen pas-pasan.

Sejatine, pacar sing mentingke gelar sarjana kui ora paham nek menungso ki mangane sego, dudu ijasah!

Kejarlah ilmu sampai ke negri China, sing penting ojo keblasuk opo lali dalan mulih, ndak batal le pinter.

Cintailah pacarmu seperti kamu mencintai duitnya. *yo ben rodo sembodo laaah

Jarene, pacaran kui wujud nyata saling mencintai & dicintai. Asshh teori! Sing nyoto yo wujud saling mbayari & dibayari.

Nek koe mlaku2 karo pacarmu neng mall. Tak jamin pacarmu mesti mbatin mbandingke koe karo puluhan uwong sing sliwar-sliwer neng kono :D

Cah cilik we seneng playon rono-rene dewe je, ha iki sing wes do gerang pacaran kok ngalor-ngildul malah gandengan tangan. Ngisin-isinke!

Sabar kui ono bates e. Opo meneh dinggo wong sing lagi ngampet ngising.

Ditolak kui bukan berarti kekalahan tho, kui justru kesempatan dinggo koe mbribik sing luwih menonjol. *pikiren dewe

Nek koe sms pacarmu ra dibales-bales, ono 2 kemungkinan: 1) pulsane entek dinggo nelpon selingkuhane. 2) kui modus supoyo koe nukokne pulsa.

Nek koe arep nglamar pacarmu ra oleh mergo koe durung wisuda, wes mending pegat. Ha arep nglamar bojo kok nunggu wisuda, padakke golek kerjo.
Published: By: Adhaes - 21.48

Obrolan Gagal (seri 4)

Aku pengen tobat dik | yo syukur mas nek ngono, apik kui | iyo, aku arep tobat ora ngingu koe meneh | woh kewanen koe mas! *sampluk

*malu2 kucing* jane opo to dik sing marai koe sayang karo aku? | yo soale aku penyayang binatang mas, dadi aku kudu konsisten | dik!

Bojoku kok omongane soyo atos yo tho | di presto wae Jo, ben lunak | padakne bandeng.

Mas, mbok aku ditumbaske minyak wangi | mbuang2 duit! arep minyak wangi merk opo wae ki tep kalah awu karo ambune ababmu | asshh mas

Mas, neng sekaten yuk | ojo dik, rawan bahaya | lho kok iso? | bahaya dinggo keselamatan isi dompetku dik | asshh pokil -_-

Kok smsku ra tok bales to dik?? | bagaimana mungkin aku membalas mas, membaca saja aku sulit | waduh -_-

Mas, kok ra ngejak aku malem minggon to? | alah, arep malem minggu opo ora ki koe ttp wae mung ngentek-ngentekne duitku! | wah #prek mas

Mas, tumbaske galundeng | yoh, piro dik? | sing penting sedeng nggo nguruk raimu mas, jeleh aku | woh -_-

Tho, golekne pacar | yoh, kriteriamu kepiye Jo? | wes pokoke sing penting ayu | oh yo, brarti mayit rapopo to? Kan sing penting ayu | hus!

Sebesar apa cintamu karo aku? | setinggi gunung, seluas samudera dik | pekok! aku tekon sebesar apa mas! dudu setinggi opo seluas! | -_-

Mas koe cinta ora karo aku? | jelas dik | tenane? | ha mbok sumpah | nek ngono garapke skripsiku! | sek yo dik *plencing minggat

Jarene pacarmu sarjana Jo? | jelas to yo | wah mesakne | kok iso? | ha sarjana kok raiso mbedakne ganteng karo elek | #prek tho

Kok sedih kenopo to dik? | aku lagi mikir mas | mikir opo? | mikir, alesan opo sing paling pas tak nggo megat koe | woh!!! *jiwit kelek e

Hawane sumuk banget yo mas | iki durung seberapa dik | maksudte? | iseh luweh sumuk pas tok kekep, njuk kesebul ababmu! | woh mas

Mas, aku mau digodani cah lanang2 neng prapatan | heh? ayo parani | rasah mas | lho piye to | aku seneng kok digodani, ganteng2 je | wah -_-
Published: By: Adhaes - 21.44

RayuanKu (seri 3)


Nek koe sawah, aku parine. Nek koe gurun, aku pasire. Nek koe langit, wah lha kok adoh banget yo? rasido wae!

Nek koe sedih, tak hibur. Nek koe galau, tak jak dolan. Nek koe nesu, ha tak tinggal mlayu.

Nek koe gelem dadi pacarku, kuliah tak antar jemput, tur nek kuatku mung numpakke angkot yo koe tetep kudu manut.

Nek koe dadi pacarku, opo wae sing dadi kepinginanmu tak turuti, tur kui kabeh mung sing iso dituku nganggo duit monopoli.

Dadio bojoku, aku janji semua milikku juga bakal jadi milikmu. Omah, motor, & termasuk cicilan kredit barang-barang kui mau.

Tak tunggu jandamu! sekaligus bandamu. *eh

Wajahmu bersinar, senyumanmu senyuman bulan sabit, tatapan matamu sungguh tatapan wong nagih utang. *mecicil

Demi kamu semua aku lakukan, demi kamu semua aku perjuangkan, termasuk karo mbribik konco kiwo tengenmu dinggo jagan.

Nek kangen aku, pejamkan matamu, bayangkan aku, maka dirimu akan mendengar bisikanku, "ojo lali isekne pulsaku".

Percayalah, aku sayang padamu. Aku akan membimbing dan menuntun jalanmu, karena aku sadar akan penyakit rabun jauhmu.

Meskipun kita jauh, jangan khawatir. Aku akan menelponmu sesering mungkin, sesuai kemampuanmu mengisikan pulsaku.

Bapakmu mesti nduwe restoran, ketoro rupamu koyo jangan wayu.

Aku ingin makan sepiring berdua denganmu, dan tidur se-sepiringbed denganmu. *eh

Jadilah pemegang cintaku, penjaga hatiku, sekaligus peyandang dana atas hidupku.

Mending pacaran karo aku. Aku ki ora curigaan, ora cemburuan, posesif juga ora, kecuali soal bandamu.

Demi kamu, samudera akan kuarungi, lautan akan kusebrangi. Tur nunggu rego tiket kapal sing murah lho yo.

Please ojo lungo, uripku tanpo koe ibarat adus ora andukan.

Percayalah, nek koe dadi pacarku, ora mung sejuta mawar sing bakal tak gawakne. Tapi plus tagihane, ha mawar semono akeh e

Meskipun panas menyengat, aku tetep bakal mangkat! Demi koe, terlebih demi es dawet sing wes tok janjekne.
Published: By: Adhaes - 21.44

Senin, 29 September 2014

Galau Rizal (seri 4)

Ra masalah koe ngeboti liyane! Wong aku yo wes oleh sing susune luwih gede mbangane koe. *wooo :))

Ra masalah koe ngeboti liyane! Wong aku yo wes oleh sing luwih dowo mbangane nggonamu. *waaah :))

Nek koe kertu nama, aku bakal dadi dompet e. Ben koe iso nylempit terus neng nggonaku. *yeeer

Aku pengen dadi banyu panas, ben iso nyairke atimu sing beku. *seeer  

Ayu mu cen raono sing nyaingi, sayange kelekmu mambu kaos kaki.

Bodimu pancen koyo gitar Spanyol, tur sing senare wes do pedot :))

Nggoleki koe ki ibarat nginceng tur nganggo bolongan tali sepatu. Rekoso, kengelan!

Ibarat kewutahan kuah bakso, atiku panas nyawang koe mlaku karo wong liyo. Mak nyaaasss...

Jaman saiki panas udan raiso diprediksi, persis koyo polah tingkahmu. *gedek2

Ngrungokne omonganmu ki ibarat njabuti wulu kelek, rasane pating clekit.

Ketemu koe ki rasane nervous & gedandapan. Persis koyo nek pas lagi nonton bokep terus konangan karo Bapak :D

Aku seneng tok jak dolan, sing marai ra seneng ki mung kudu mbayar dewe-dewe nek wayahe mangan.

Aku pengen dadi nuklir, ben iso meradiasi atimu. *asshh

Mbribik koe ki ibarat ngoyak walang sangit. Dicekel angel, mbasan kecandak jebule mambu langu.  


Awakmu pancen sexy, lambemu marai birahi, tur sayang kelekmu mambu tai meri.

Loro ati kui ibarat wong loro untu, lorone banget tur raono sing tilik.
Published: By: Adhaes - 02.14

Luwih Penak Jomblo (seri 3)

Disebut pacar kui lak nek lg bareng, ha nek ora yo koe mung dadi pajangan dompet, wes ngono nggone nylempit cerak bokong, aduh.

Pacarmu cinta karo koe ki mung 10%. Sisane, 20% pacarmu luwih cinta serial Korea & sing 70% cinta karo duitmu! :))

Pacaran: kepekso keju ngantri tiket bioskop dinggo pacare! Jomblo: ra masalah ngantri, wong yo arep nggo awake dewe, fair.

Pacaran: beresiko diselingkuhi, modyar! Jomblo: yo ra mungkin diselingkuhi lah, sing ono ki justru kene bebas ganti2 :))

Pacaran: rawan kopoken! mergo yo pacarmu lak mesti iyik wae, opo meneh nek lagi nesunan. Jomblo: ya sori lah yau, kuping waras!

Pacaran: mung masalah wektu nganti koe dipegat. Jomblo: mung masalah wektu nganti koe bosen gonta-ganti.

Pacarmu ki asline ra cinta karo koe, asline kui mung pengen nunut mangan gratis terus karo koe, ha mbok sumpah :))

Nek pacarmu ngundang koe sayang, rasah GR! Kui dudu ngundang koe tur ngundang duitmu!

Pacaran: bbm pending adalah awal dari keributan. Jomblo: pending karepmu ora karepmu! Ra ngurus!

Pacaran: urip ora tenang, dihantui & dirongrong rasa cemburu! Jomblo: cemburu? Panganan opo kui??? Asshh luweh :))

Nek koe gelem ngaku, mesti koe tau mbatin "Wah, kok ayu kancane ki mbangane pacarku, ngertio mbiyen mbribik kancane wae". :))

Pacarmu nggandeng koe ngalor ngidul, sok2 malah koe digeret-geret barang. Koe ki mung dipadakke ledek munyuk :))

Pacaran ki rawan mencret, mergo sok kepekso nuruti pacar mangan menu sing jane koe ra doyan. Wes ngono iseh kon mbayari.

Nek pacarmu seneng pit-pitan, wah iso2 kui engko nek ketemu koe hawane mung pengen numpaki, padakke pit :)) #penakJomblo
Published: By: Adhaes - 02.12

Quote Rizal (seri 3)



Sejatine pacarmu ki mung kepepet nompo koe. Sesuk nek ono sing luweh wangun lak koe mung dikipatke :))


Pacaran adalah salah satu ciri2 orang yg putus asa & mentok atas perjuangan cintanya.


Sejatine pacaran kui mung gaweane wong pengangguran, dinggo ngisi wektu ben seolah-olah ono kegiatan.



Sejatine kaum Jomblo adlh sebenar-benarnya harapan masa depan. Ha nek koe ngarep karo wong sing wes pacaran yo pekok, koyo raono liyane wae.

Tho, jadilah orang yg pandai menempatkan diri. Menempatkan diri dimana tersedia gratisan & traktiran :))


Setiap orang punya bakat selingkuh, tinggal bagaimana mengaplikasikannya :))


Pacar yg baik adalah pacar yg mengijinkanmu memiliki selingkuhan. Jika tidak, jelas pacarmu bukan pacar idaman, posesif :))


Sejatine kui ngajari ngapusi. Karna koe njuk do dandan mlipit dinggo mengkamuflase raimu sing pas-pasan :))


Malem minggu kui kejem, selalu mengucilkan kaum jomblo lan mengerekan kaum pacaran!


Ojo menghamburkan duit dinggo pacaran. Dadi suk nek kiro2 koe dipegat ki ra kere ngono lho, sing pinter to ah!

Ngrasani uwong kok neng twitter, kurang primpen to yo, pekok! :))


Pacaran kui jane mung kedok, asline yo mung ben nek ngopo-ngopo ono sing nomboki.


Nek gelem jujur, didalam diri setiap orang yg berpacaran pasti tau kepikiran "wah pacarku ki suwe2 nggriseni" :))

Ojo pacaran karo mahasiswa sing lagi skripsi, ndak saben dino koe mung kon nyawang pemandangan wong budreg & putus asa :))


Pasanganmu luwih buas mbangane singo. Lha singo we ra tau megat pasangane je.


Nek ono uwong pecical pecicil, nengke wae, mungkin kui lagi golek knalpot nggo pelampiasan. Soale bar nonton film saru.


Sejatine nduwe selingkuhan kui sama halnya dengan menabung, untuk berjaga-jaga dimasa mendatang yg serba tidak menentu. *eh


Dadi cah enom kui kudu sigrak, sinau terus. Sinau kui ora ono elek e & raono entek e. Isin no karo sing tuo nek males-malesan.
Published: By: Adhaes - 02.11