Diberdayakan oleh Blogger.

Senin, 29 September 2014

Tag:

Luwih Penak Jomblo (seri 3)

Disebut pacar kui lak nek lg bareng, ha nek ora yo koe mung dadi pajangan dompet, wes ngono nggone nylempit cerak bokong, aduh.

Pacarmu cinta karo koe ki mung 10%. Sisane, 20% pacarmu luwih cinta serial Korea & sing 70% cinta karo duitmu! :))

Pacaran: kepekso keju ngantri tiket bioskop dinggo pacare! Jomblo: ra masalah ngantri, wong yo arep nggo awake dewe, fair.

Pacaran: beresiko diselingkuhi, modyar! Jomblo: yo ra mungkin diselingkuhi lah, sing ono ki justru kene bebas ganti2 :))

Pacaran: rawan kopoken! mergo yo pacarmu lak mesti iyik wae, opo meneh nek lagi nesunan. Jomblo: ya sori lah yau, kuping waras!

Pacaran: mung masalah wektu nganti koe dipegat. Jomblo: mung masalah wektu nganti koe bosen gonta-ganti.

Pacarmu ki asline ra cinta karo koe, asline kui mung pengen nunut mangan gratis terus karo koe, ha mbok sumpah :))

Nek pacarmu ngundang koe sayang, rasah GR! Kui dudu ngundang koe tur ngundang duitmu!

Pacaran: bbm pending adalah awal dari keributan. Jomblo: pending karepmu ora karepmu! Ra ngurus!

Pacaran: urip ora tenang, dihantui & dirongrong rasa cemburu! Jomblo: cemburu? Panganan opo kui??? Asshh luweh :))

Nek koe gelem ngaku, mesti koe tau mbatin "Wah, kok ayu kancane ki mbangane pacarku, ngertio mbiyen mbribik kancane wae". :))

Pacarmu nggandeng koe ngalor ngidul, sok2 malah koe digeret-geret barang. Koe ki mung dipadakke ledek munyuk :))

Pacaran ki rawan mencret, mergo sok kepekso nuruti pacar mangan menu sing jane koe ra doyan. Wes ngono iseh kon mbayari.

Nek pacarmu seneng pit-pitan, wah iso2 kui engko nek ketemu koe hawane mung pengen numpaki, padakke pit :)) #penakJomblo

Aku Adhaes

Hallo, Jenengku Rizal, aku gawe blog iki mung gawe seneng-seneng wae. Dadi ojo bosen-bosen kunjung ndek blog ku. Postinganku uga Repost seko blog Gojek Gentho. Sing luwih lengkap kunjungi wae Gojek Gentho

0 komentar:

Posting Komentar